Satu istilah
yang masih kerap diungkapkan oleh para warga kota Surabaya asli yakni istilah
“aji”. Istilah ini banyak dijumpai dalam beberapa bentuk seperti ajine,
ngajeni, diajeni, bahkan istilah ada juga istilah gak onok ajine. Menurut arti
kata dasarnya, aji bisa diartikan berharga atau rega dalam kaidah bahasa Jawa.
Dalam kontek-kontek tertentu kata ini bisa mengandung makna menghargai
seseorang atau ngajeni, berharga atau sepantasnya atau aji, dan juga sesuatu
yang dipandang berharga dan layak dalam kontek diajeni. Namun, istilah ini
sangat jarang bahkan tidak digunakan untuk menganti istilah harga pada suatu
produk.
Cak Man:”Yak opo rek tukangku iku? Tak belani gak
melok wong liya.. ealah.. njekhetek.. koyoke awaku gak diajeni blas.. poleh
mutung lek dijak tandhang gawe maneh iki..”
Cak Dul:”Opo maneh cak, bendino tak sawang koq
ngresulo thok ae isine.. pisan-pisan ndelok sing apik opo’o?”
Cak Man:”Wes ngene ae.. saiki koen bendino entek
duwit sak piro? Kanggo manggan karo mlaku..”
Cak Dul:”Yo kurang luwih satusan cak.. saiki duwit
seket ewu gak ono ajine cak.. iyo lek biyen.. sak durunge bensin mundhak.. nyeluk wong kanggo benakno tetek bengek nang
omah ae yo seket cak”
Cak Man:”Wes ngerti nggono lho.. koq mentholo..
ngelungi aku seket sedino.. ngajine wong jenenge nggono?”
Cak Dul:”Mosok sih Cak.. koq nemene tukangmu iku?
Jaman saiki lek sedino dheg tandhang gawe dibayar sak mono iku podho karo kerja
bhakti a?”
Cak Man:”Mentang-mentang aku iku mung buruh opo kuli
yo ojok nemen-nemen opo’o lek ngajeni wong liyane. Opo meneh aku jo gak dinoan
melok dheweke.. tahunan Cak.”
Cak Dul:”Tak pikir tukangmu.. iku paling ngajeni
ewange.. Cak.. iku lek dhelok jobone.”
Cak Man:”Ngajeni opone? Saiki ae.. digawe bensini
speda udukku ae wes sepuluh ewu.. nyangoni anak-anakku sing sekolah yo gak
kurang sepuluh ewu.. wes piro?..”
Cak Dul:”Wes rongpuluh cak..”
Cak Man:”Durung meneh kanggo mangane bojo karo
anakku.. mosok sedino yo cukup telung puluh ewu?.. durung mangan awanku..
rokoke ae sedino sak cepet.. opo aku yo
gak mikir.. kanggo bayar listrik , tuku pulsa karo bayar kontrakan.. gawe
kreweng ta?”
Cak Dul:”Wah blaen cak.. lek nggono.. yo dirembuk
sing enak rek.. lek isok ojok sampek. Metu nang tonggo..”
Cak Man:”Pikirku yo nggono.. tapi lek ndelok lakone..
gak tahu digubris.. mbideg ae.. lek ngene isok-isok ta gledhakno ae gawenanku..
kabeh cik ngerti..”
Cak Dul:”Yo ojok nggono cak.. dirembuk dhisik.. saiki
golek wong sing tepak yo angel..”
Cak Man:”Lha iyo.. jarene wong melek sekolahan..
asline koq ngono lho..”
Cak Dul:”Wes rembukno dhisik ae sing tepak.. aku gak
ngajari ngobong mowo..”
matur nuwun :D
BalasHapus