Minggu, 03 November 2013

Ceket, Raket, Era




Kosa kata Surabaya yang satu ini bisa diartikan dengan pengertian kata lengket, erat, lekat terlebih bila dua objek saling menempel satu sama lain dan susah dipisahkan. Namun, ceket tidak bisa digunakan secara kontektual untuk mengambarkan hubungan romantis dua sejoli. Mungkin pembaca memiliki kosakata untuk yang satu ini? atau setuju dengan istilah raket?

Demang: Ceket emen awakmu nang kene Kek.. kaet mau gak obah blass..
Bungkek: Lapo ae seh cak.. sak sliraku ta..
Demang: Opo sing ceket nang jaket kumelmu iku Kek..?
Bungkek: Yo nggene rek.. lek mari touring.. blakrak nang endi-endi olehe yo mung emblem..
Oleh nyawang ora oleh njukuk lho yo.. wes kadeng ceket nang jeansku iku. ..
Bungkek: Huuuus.. tangane iki lho.. trampil tenan.. sejarah iki.. yo!
Demang: Diluk ae tha.. sajak e koq luwih cocok lek nemplek nang jaketku..
Bungkek: Sing genah ae Jo lek njeplak.. karepmu yak opo Cak?
Demang: Wes ngene ae engko awakmu ta raketno karo Ning Sarti. Koen lak yo pengin kenal karo dheweke tho.? Aku lak wis suwe raket karo dheweke.. yak opo? Budhal cak?..
Bungkek: Ooo.. lambe-lambe blantik yo ngene iki.. susah kabeh.. diregani




Sabtu, 02 November 2013

Bejo - Untung & Mujur




Masihkah warga kota menggunakan istilah bejo dalam keseharian? Makna bejo sendiri boleh diartikan beruntung, mujur atau selamat dari sebuah malapetaka. Biasanya kata bejo diungkapkan sesaat seseorang terlepas dari mara bahaya atau ketika lagi sedang mendapatkan suatu berkah.

Selain itu, bagi beberapa generasi lanjut, mereka kerap menamakan anaknya dengan nama Bejo. Mungkin bagi telingga warga kota terlihat udik dan berbau “ndeso” tapi jangan salah dengan arti yang terkandung didalamnya. Ambil satu contoh pesepakbola kebangaan Arek Surabaya yakni Bejo Sugiantoro. Namanya hingga kini masih saja harum sebagai salah satu bek handal yang pernah dimiliki Persebaya dan juga palang pintu merah putih.

Bakri: Koen koq oleh kaos sing luwih apik?
Sodiq: Mosok ngene ini apik cak?
Bakri: Kaet mau wes tak odal-adil, wolak-walik gak onok sing cocok nang ati.. koen teko kari koq oleh sing apik..
Sodiq:Wah gak eruh yo.. aku mlebu gak suwe thok koq.. bakule yo kate kukut.. bek e
Bakri: Ancene awak mu iku sing bejo..
Sodiq: Mugo-mugo ae kaos ini bejani awakku..
Bakri: Rasane omonganmu kate tepak tithik..
Sodiq: Karepe peno opo Cak?
Bakri: Mari nggawe kaos iku, rasane arek wedok sing kulite putih rambute dhowo kae.. kesengsem koen..
Sodiq: Endi sih cak..
Bakri: Kaose bejani awakmu temen iki.. kae lho singlungguh nang sampinge kene..
Sodiq: Waduh.. blaen cak.. iki gudhuk bejo jenenge.. utangku akeh nang arek iku.. aku ngomong lek golek duwik nang Bali sak wulan..
Bakri: Wah.. lek nggene yo gak bejo.. wurung.. isok-isok koen ngenes.


Ajine - Ngajeni - Diajeni




Satu istilah yang masih kerap diungkapkan oleh para warga kota Surabaya asli yakni istilah “aji”. Istilah ini banyak dijumpai dalam beberapa bentuk seperti ajine, ngajeni, diajeni, bahkan istilah ada juga istilah gak onok ajine. Menurut arti kata dasarnya, aji bisa diartikan berharga atau rega dalam kaidah bahasa Jawa. Dalam kontek-kontek tertentu kata ini bisa mengandung makna menghargai seseorang atau ngajeni, berharga atau sepantasnya atau aji, dan juga sesuatu yang dipandang berharga dan layak dalam kontek diajeni. Namun, istilah ini sangat jarang bahkan tidak digunakan untuk menganti istilah harga pada suatu produk.

Cak Man:”Yak opo rek tukangku iku? Tak belani gak melok wong liya.. ealah.. njekhetek.. koyoke awaku gak diajeni blas.. poleh mutung lek dijak tandhang gawe maneh iki..”
Cak Dul:”Opo maneh cak, bendino tak sawang koq ngresulo thok ae isine.. pisan-pisan ndelok sing apik opo’o?”
Cak Man:”Wes ngene ae.. saiki koen bendino entek duwit sak piro? Kanggo manggan karo mlaku..”
Cak Dul:”Yo kurang luwih satusan cak.. saiki duwit seket ewu gak ono ajine cak.. iyo lek biyen.. sak durunge bensin mundhak..  nyeluk wong kanggo benakno tetek bengek nang omah ae yo seket cak”
Cak Man:”Wes ngerti nggono lho.. koq mentholo.. ngelungi aku seket sedino.. ngajine wong jenenge nggono?”   
Cak Dul:”Mosok sih Cak.. koq nemene tukangmu iku? Jaman saiki lek sedino dheg tandhang gawe dibayar sak mono iku podho karo kerja bhakti a?”
Cak Man:”Mentang-mentang aku iku mung buruh opo kuli yo ojok nemen-nemen opo’o lek ngajeni wong liyane. Opo meneh aku jo gak dinoan melok dheweke.. tahunan Cak.”
Cak Dul:”Tak pikir tukangmu.. iku paling ngajeni ewange.. Cak.. iku lek dhelok jobone.”
Cak Man:”Ngajeni opone? Saiki ae.. digawe bensini speda udukku ae wes sepuluh ewu.. nyangoni anak-anakku sing sekolah yo gak kurang sepuluh ewu.. wes piro?..”
Cak Dul:”Wes rongpuluh cak..”
Cak Man:”Durung meneh kanggo mangane bojo karo anakku.. mosok sedino yo cukup telung puluh ewu?.. durung mangan awanku.. rokoke ae sedino sak cepet..  opo aku yo gak mikir.. kanggo bayar listrik , tuku pulsa karo bayar kontrakan.. gawe kreweng ta?”
Cak Dul:”Wah blaen cak.. lek nggono.. yo dirembuk sing enak rek.. lek isok ojok sampek. Metu nang tonggo..”
Cak Man:”Pikirku yo nggono.. tapi lek ndelok lakone.. gak tahu digubris.. mbideg ae.. lek ngene isok-isok ta gledhakno ae gawenanku.. kabeh cik ngerti..”
Cak Dul:”Yo ojok nggono cak.. dirembuk dhisik.. saiki golek wong sing tepak yo angel..”
Cak Man:”Lha iyo.. jarene wong melek sekolahan.. asline koq ngono lho..”
Cak Dul:”Wes rembukno dhisik ae sing tepak.. aku gak ngajari ngobong mowo..”